Jumat, 22 Juli 2011

Jangkrik Genggong

  • Kendhal kaliné wungu, ajar kenal karo aku
  • Léléné mati digepuk, gepuk nganggo walesané
  • Suwé ora pethuk, ati sida remuk, kepethuk mung suwarané
  • é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
  • Jangkrik génggong, jangkrik génggong, luwih becik omong kosong

  • Semarang kaliné banjir, ja sumelang ra dipikir
  • Jangkrik upa saba ning tonggok, malumpat ning tengah jogan
  • Wis wataké priya, jaré ngaku setya, tekan dalan selèwèngan
  • é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
  • Jangkrik génggong, jangkrik génggong, wani nglirik sepi nguwong

  • Yèn ngétan bali ngulon, tiwas édan ora kelakon
  • Yèn ngrujak ngrujaka nanas, aja ditambahi kwèni
  • Kéné tiwas nggagas, awak adhem panas, jebul ana sing nduwèni
  • é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
  • Jangkrik génggong, jangkrik génggong, sampun cekap mangsa borong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar